Aku ora bakal lali opo sing wis dadi dalane uripku Janji aku mesti bali nemoni simbokku yo sing tak trisnani. Saka dino rebo awakku lahir ning dunyo, Saka isone mung nangis.. ora ngerti opo-opo Banjur ditatih… ajar mlaku ngasih mlayu. Mundak gede, ngguya-ngguyu trus nangis njaluk puthu, Kabeh tak lakoni opo sing dadi dalanku.
Saka ngunthet SPP banjur dithuthuk guru, Simbokku ngasih mumed nganti jengkel diamped. Aku ora wani bali amargo wedi mengko ndak disabet simbok. Nanging simbok tetep trisno karo aku ra peduli aku bocah sing ora mutu, Onone nggawe mumed trus ninggal mlayu. Wis jaan… pokoke ra iso digugu.
Simbok...
Aku njaluk ngapurane sliramu, Marai aku kepeped ngedol jarikmu tak nggo totoan balbalan karo koncoku. Nek menang duwite tak nggo tuku buku Mbok.
Mundak gede tekane wektu bre, mulai plirak-plirik cewek terus tak singsoti suit suit… Pernah pisanan aku mbajul si Parti jebule Simbok ono ning mburi nggowo cemeti… Aku njur dioyak mubeng kampung nganti bengi. Aku jan wedi tenan ora wani mbaleni, Tapi esoke Simbok koyone wis lali gelem nggaweke mi e nganggo endog siji.
Mundak gede meneh, weruh duwit horni, ono neng mung njaluk jajan tak nggo ngapeli Si Parti sing pacarku kuwi. Si Parti onone mung ngejak njaluk tuku klambi, Tak pikir… aku kudu lungo nggolek rezeki. kanggo Simbokku karo tak nggo rabi. Moga-moga Simbok gelem ngrestoni.
Hayo wis, aku mangkat saiki!… Tekan kota Njakarta aku dadi gumun dewe, Weruh omah-omah kok gedene podo koyo kene. Dalane ruwet pancen marai mbingungke. Opo meneh panase… wah marahi kere…. Aku dadi sepet mergo le keno macet tambah mumed weruh cewek nggo rok methed. Wis pancen tak tekadi urip neng kene golek gawean nggo butuh saben dinane.
Simbok…
Aku dadi kelingan kowe, Urip neng kene ora koyo neng ndeso kae. Kabeh menungsane ngurus awake dewe, ra iso turu mikir Parti saiki kepiyee…. Aku janji arep dadi wong neng kene, Ra ketang keser-keser leh ku nggolek duwite rekasane urip ra arep tak rasake. Yo mung siji mBok... Aku njaluk donganee…
Ora krasa wis 2 taun aku urip neng kutha Njakarta. Saking kangene marang Simbok, bakdan taun iki kudu mulih kampung. Alon-alon sepur Bengawan Ekonomi sing daktumpaki wiwit nggremet. Penumpange akeh merga liburan Lebaran. Seg-segan, sing penting bisa katut, bisa mudhik tilik ngomah selak kangen karo simbok lan keluargo.
Taun iki libur lebaran meh rong minggu, lumayan tutug kena kanggo dolan-dolan. Balikku nyantai, mung kaosan karo celana jeans. Gawanku ransel isine pakaian sacukupe sing pokok kena kanggo salin. Ora keri oleh-oleh kanggo simbok lan keluarga. Rasane seneng banget enggal-enggala tekan ngomah. Sepur mlaku terus, saben-saben sok mandheg ngedhunake lan ngunggahke penumpang, mengkono sabanjure.
Jam enem esuk wis tekan kutha sing daktuju. Nanging aku isih kudu numpak bis ping pindho. Maklum omahku ana ing pelosok. Mudhun bis sing kapindho aku isih mlaku sepuluh menitan. Rasane mak nyess bakal ketemu Simbok lan keluarga. Maklum olehe mudhik mung setaun sepisan.
Mlebu plataran omah, Simbok kaget terus ngrangkul aku. Keluarga saomah padha njedhul nyalami aku rasane seneng aku mudhik tilik keluarga. Simbok nyawang aku wiwit saka sirah tekan sikil. Suwe-suwe nggugruk nangis. Aku yo melu mbrebes mili netes luh neng pipiku. Iso ketemu simbok neng omah sehat-sehat wae. Ora kurang siji-siji o.
“Wis mbok ayo mlebu ngomah mbok, “
“Wis, wis Le sesuk maneh ora usah bali, golek gawean ana kene wae sak anane!”
“Lho piye ta Mbok?”
“Ora Le, kowe nyambut gawe apa, kok bisa ngirimi aku dhuwit saben sasi. Gek dhuwit kuwi saka ngendi?”
“Dhuwit olehku kerja Mbok. Aku kerja ana pabrik.”
“Tenane?”
“Tenan Mbok, yakin!”
“Ngene Le, anggon-anggonmu kok kaya ngene? Mung kaosan, clana wae bolong nggon dhengkul, gek mblekethu sisan.” Simbok sik nakokki ijik karo sesenggukan.
“Ngene Mbok”, aku banjur njlentrehake, “iki jenenge pakaian nge-trend. Gaya gaul.”
“Gaul ki kepiye?”
“Gaul ki sing saiki lagi ngembrah dienggo cah nom-noman, Clana Jean Dhengkule Bolong.”
“Ooo…, ngono ta Le?”
“Nek Simbok tindak kutha, mengko Simbok pirsa akeh nom-noman padha nganggo clana jean sing dhengkule bolong.”
Wusanane Simbok mudheng lan manthuk-manthuk. Brayatku sing meruhi kedadean mau padha gerrr… ngekek. Simbok sik sak durunge nggugruk nangis melu guya guyu. Kedadean iki nalika Clana Jean Dhengkul Bolong dadi modhe; lagi nge-trend lan GAUL. Maklum Simbok ora gaul, Simbok durung gaul.*
_____
Sumber cerito:
http://jiwamusik.wordpress.com/2008/09/20/antiacne-simbok/
http://nurdayat.wordpress.com/2009/05/27/simbok-ora-gaul/

Tidak ada komentar:
Posting Komentar